Sadermo Ngupoyo Upo

Sekedar cerita, penuturan, pemikiran dan pengalaman pribadi seputar perjalanan hidup dan tentang kehidupan itu sendiri

Jenenge alangan, wis distater bola bali. Jupiter e tetep macet. Stater elektrikke nganti bengek, yo tetep ora gelem murup mesine. Mbak’e ganti mancal stater gejrot. Tetep wae motore mrengkel. Bola bali, ora dadi gawe. Isin campur mangkel. Akhire mudhun seko motore. Distandar trus ndhodhok milang milingi mesine motor. Mbuh asline mudheng mesin opo ora. Sing penting isoh ngilangi grogi lan isin. Panggih rada ora kepenak atine. Gara-gara mlepek banyu, motore macet. Ngono pikire. Karo ngunjuk ke kathok kolore, mlaku nyedhak. Karepe menehi pitulungan.

“Macet, Mbak?”, ngono le takon basa basi.

“Inggih, Mas. Mboten ngerti kenek nopo. Wau enjing badhe mriki mboten rewel kok.”, karo ngadhek mbukak helm, Mbak Tyas njawab.

“Lenggah mrika sek. Tak benerke mriki.”, dadi pahlawan critane bocah iki.” Paling busine kenek banyu, Mbak.”

Ora njawab, Mbak Tyas mlaku maring kursi tunggu maneh. Ngelap keringet, klambine biru enom lengen dhawa katon teles lengene. Sumuk kekeselen anggone nggejrot stater opo grogi, ora mudheng. Lungguh, karo nepuk-nepuk rok jeans biru dongker sing dienggo. Modis, serasi…njur Panggih ngeleg idhune. Kampret!!!

Jenenge Jupiter MX, arep nyopot busi wae kudu mretheli body. Rada ruwet. Nanging Panggih bocah kere aktif. Mung disongkel sithik, ora perlu mbukak kabeh bodyne, yo iso iso wae bocah iki. Lha kae kabel busine wis katon,mbatine. Dicopot kabel busine, bener rada teles. Disebal sebul, saking panase abab cangkem ra tau sikatan iso nganti garing, njur dilap nganggo kaos kerjane. Kabel busi nek wis sowak rada wedhi banyu. Ngono sering dadi penyebab motor macet bar dicuci. Di enteni sak wetara. Banjur dipasang maneh, distater pisan, during murup, pindho mesine wis mulai mancing, bar distater ping telu, mesine gek gelem nyaut. Nggereng banter, mantep. Marem koyo atine Panggih. Beres. Settang gas tetep dimainke, kebul putih metu seko knalpotte. Kelebon banyu uga kayane mau.Dipasang maneh bodyne sing setengah dicongkel mau trus ditrapke. Rampung. Mbak Tyas ngemat ke wae, raine sing mau katon kecut saiki mulai rada adem.

“Pun beres, Mbak!”, Panggih separo mbengok ngimbangi suara motor. Mbak Tyas mesem, masang helm banjur menyat nyedhak.

“ Gara garane kabel le sowak kenek banyu, Mbak.”, teruse.” Iki lho kabel busi ne wis rantas, kawate meh kethok kae…”. Karo macak teknisi motor nganti lali boso Panggih njelaske. Mbuh mudheng opo ora..Mbak Tyas mung manthuk-manthuk.

“Nyuwun ngapunten, Mas, ngrepoti.”. Mbak Tyas kagol.

Panggih ngeculke settang motor, Mbak Tyas tanggap age age nahan tarikan gas motore ben ora macet maneh. Sengojo opo ora Mbak Tyas nyekel epek-epek tangan tengen ne Panggih. Panggih kaget, nanging rada pakewuh uga, age-age nyibat ke tangan.

” Pamit rumiyin.”, gigi siji dilebokake, Mbak Tyas banjur menyat karo mesem. Panggih tambah gedhe endase.

“Mangga, Mbak…”. Panggih mbalik maring cucian.Mlaku alon-alon rada jinjit,ngambu tangane tengene karo rada pamer untu, lambene sing ireng ngglayem…” Wangi he.he..tapi aku rak mung anak bakul apem..”. Kebacut..kebacut!!!!

“Mas, pun bikak?..badhe nyuci motor.”, suara wong wedhok ngagetke Panggih lan Pardi. Jalaran ijeh penak anggone tongkrongan. “ Pun bikak, Mbak”, Pardi njawab sak kenane. “ Jatahmu telesan Nggih!!!”, teruse Pardi. Panggih ora cekat ceket anggone ngadheg. Rada mendelik matane anggone ngemat ke bocah wedhok kuwi, jebul Mbak pemda sing telung dina kepungkur nyuci neng kene, nek ora kleru jenenge Rustriningtyas. Karo mbuwang tegesan rokok’e, Panggih nuntun Jupiter MX abang sing biasane yo di enggo Mbak pemda mlebu maring tempate nyuci. “ Pinarak kene, Mbak”, Panggih mbukak omongan. “Nggih, matur nuwun”, Mbak pemda ne njawab alon. “Mbak’e kenal kula? Kok ngertos jeneng kula?”. Raine Panggih sing kebak kukul mengkerut gumun. “Leres, jeneng kula, Panggih. Panggih Raharja.”, teruse. Mbak pemdane ora nyuara, ora nyaut babar blas, senajan krungu Panggih ngomong. Amung raine katon gumun lan kebak pitakonan. Mikire, bocah lanang kukulen kuwi waras apa ora kok dumadakan ngenalke jeneng. Lha sapa sing takon?. “Jenenge Mbak’e, Mbak Rustriningtyas, yo ra?”, Panggih sok sok an ngakrapi rembugan. “Prei po le dines?, teruse bocah gumagus iku. Mbak pemdane tambah penasaran, seko ngendi tukang cuci iki ngerti jenenge barang, akhire uga kepeksa nyuara. “Lha Mas se sinten to?, kok kula mboten tepang njenengan?ngapunten menawi kula kesupen.”, Mbak’e mbalesi “Niku wau, jeneng kula, Panggih Raharja. Cah Sumongari Kaligesing, Mbak.”, tansaya gumagus tenan bocah iki. “Oo..ngertos nami kula, to?”, Mbak’e tambah ra mudheng. “Penak’e tak celuk Mbak Rus,Tri opo Tyas?, mung kari milih.”, karo nyabuni motor, Panggih nglunjak. “ Saestu njenengan sinten, Mas? Tepang kalih kula wonten pundhi?”, Mbak’e wis rada males neruske omongan. “Rahasia!”, Panggih mulai macak wong lanang sing diuber wong wedhok. Pancen wis lali githok’e seleh ngendi bocah iki. “Thak, kerja sing bener!!”, Bos se sing duwe cucian mbengok, weruh Panggih waton anggone ngresiki sabun neng motor pelanggane. Panggih njundhil kaget. Ora ngerti menawa si Bos wis nang mburine. “ Jeneng asline Pethak, ngaku Panggih, kapan among-amongan ganti jeneng, sira?”, Bos se nggodha. “Niku rak aran-arane Bos mawon..”, Panggih mesem kisinan “ Kerja sing nggenah. Mbak’e kae nganti gila weruh kelakuan mu.”, karo noleh ning Mbak pemda, Bos se neruske “Mboten usah kapok nyuci teng mriki, Mbak” Mbak pemda ne mung mesem ora nganti kethok untune. Nanging bedha karo Panggih, raine sing ireng kukulen wae isih iso metu abange isin. Pancen kawit mbiyen Panggih diparabi kanca-kanca ning desane Pethak. Amarga jaman isih cilik, rambute ora kepeneran nyukure, ono sing bothak. Critane, simbah kakunge Panggih, pagaweyane tukang cukur. Lha karepe arep nyukur putu lanang sing arep mlebu SD, nanging jenenge mata tuwa, cedhak mbun mbunan ne mbleset lhe ngethok. Dadi lecet, ora thukul rambute nganti saiki. Bos se cuci mobil awite kenal uga jeneng parabane dudu jeneng asline. Kepara malah nganti rada suwe lagi ngerti jenenge asline Pethak kuwi Panggih. Gara-gara ana si Bos, Panggih age-age le nyuci, sak wise rampung, dipasrahke Pardi sing entuk jatah garingan. Pardi uga cekat-ceket anggone ngelapi motor duwek’e Mbak Pemda. “Thak!, Pailah kok durung mangkat si ya?”, si Bos nakoni Panggih. “Jarenipun sampun ijin Ibu, kok Pak”, pating pecothot anggone boso bocah iku. “Iyo, wingi wis ngomong aku, Pak. Bocahe pamit ngiring manten. Iki kuncine kasir dititipke aku.”, bojone si Bos metu seko omah karo nanting keranjang sing biasane di gawa ibu2 menyang pasar. Mlaku nyedhaki Panggih, “Iki kuncine, dina iki kowe ngrangkep kasir sik. Bapak karo aku arep pasar, awane jagong neng pak Mantri.” “ Inggih, Bu”, Panggih ngelap tangane sing isih teles, nampa kunci kasir. “Thak, tak ngeterake Ibu blanja dhisik. Jaga sing bener!!”, Bos se nyetater Mio sing wis diparkir neng teras . Bojone nyangklok, mbonceng mburi trus ngeblas menyang pasar wong loro. Seko bocah wolu sing kerja ning cucian, mung Panggih sing cedhak karo Bos se. Pancen bocah kuwi grapyak, gampang cedhak marang wong liya. Nanging kadang ora duwe isin. Bos se luwih percoyo karo Panggih, jalaran bocah kuwi uga jujur. “Mbak, sampun.”, Pardi nuntun Jupiter MX metu neng pelataran. Mbak pemda manthuk, trus menyat menyang kasir arepe mbayar.Panggih wis nunggu neng mburi meja karo mbukak laci. Mbukak buku nota sing biasane diurus Pailah. Jebul isih ana duit wenehane Pak Doni sing disimpen Pailah. Pecahan seket ewu siji, 20an siji 5 ewu siji. Pas 75 ewu. “Pinten, Mas?”, Mbak e takon. “Gangsal ewu.”, Panggih rada isin le njawab. Isih duwe isin nyatane bocah iki. Mbak pemda menehi duit 20an ewu. “ Sing pas mawon, Mbak”, Panggih golek duit pecah ora ana. “Mboten wonten, Mas.”, Mbak e mbukak dompet rada bingung. “Pun dibetha mawon, kapan kapan digenepi sanes wekdal.”, Panggih ora kelangan akal. “ Pun langganan kok. Niki sampun tak cathet teng notane.” “Kula ninggal mawon, mboten penak ninggali utang.” “Mboten usah, dibetha rumiyin.” “Matur nuwun. Mangga, Mas.”, Mbak e kalah omongan banjur pamit, nganti kelalen, helm me ora digawa. “Mbak Rus, helm me.”, Panggih ngelik ke. Nanging sing karepe diceluk ora noleh. “Mbak Tyas, helm me!!”, Panggih mbaleni. Tumben bocah iki mikir dhawa. Tegese Mbak pemda iki parabane Tyas. Dudu liyane, rada ngguyu nang njero ati si Panggih krasa marem. “Ooalah..kesupen..”, Mbak e kagok. Njupuk helm neng kursi trus pamitan.” Matur nuwun, Mas.”…..

Rampung anggone ngelapi body, Panggih njur ngresiki njero mobil. Ngelap jok, dashboard sak karpete sisan. Ora sengojo, pas nyedot debu nggo vacuum, Panggih weruh liontin kalung neng ngisor kursi penumpang ngarep. Dijupuk, di ilang ilingi, walah asli po ra kiye berliane, mbatine. Nanging ngelingi wasiate swargi bapake, supoyo ora njupuk barange liyan kang dudu milike, Panggih leren anggone ngresiki CRV ne. Njur mlaku nyedhak sing nduwe CRV.

“ Niku, Pak saya nemu liontin di mobilnya bapak.”, Panggih nduduhake liontine.

“Wah, akhirnya ketemu juga, Ma!”, wong kuwi malah ngomong ora nggape Panggih, njawil-njawil bojone saking senenge.
continue reading…

Karo ucek-ucek mata sing ijih beleken, Panggih menyang kamar mandi. Raup sak cukupe, banjur andukan. Ora tau sikatan katone bocah iki.

“Mak, nyong mangkat kie..ndak telat maneh”, ujare karo nyaut apem.

“Tumben temen jam 6 wis mangkat siro?”, Mak’e Panggih takon marang anake nyambi nggoreng mendoan.

“Bos se mucu-mucu nek nyong mangkate telat”

“Sarapan sek po? Kie wis tak goreng ke mendoan, sega turahan kenduren mau bengi isih ana”

“Wis ora usah, wis tak langsung mangkat bae lah”

“ Mamake wis reka-reka gawe lawuh, malah ngeblas, jan bocah!!!”

“ Wis mak, ora usah, nyong wis mangan apem nang meja”
continue reading…

Cuman sekedar saran dan sedikit cerita, jika anda menggunakan layanan blogger.com untuk membuat blog yang aneh-aneh, maka persiapkan mental anda. Kenapa? Saya sarankan anda untuk siap mental jika tiba-tiba blog anda hilang lenyap dari peredaran atau bahkan yang lebih parah account blogger anda atau malah account gmail anda disuspend oleh google!!!
continue reading…

Ebook PDF Search Engine adalah alat pencarian yang simpel dan secara langsung dapat dengan mudah menemukan ebooks yang anda cari. Anda dapat mencari dan melakukan download file ebook yang anda butuhkan melalui situs pencarian yang sekarang mulai banyak bertebaran di internet.

Beberapa diantaranya malah bukan hanya sebagai mesin pencari file dengan tipe PDF, namun belakangan mulai ditambah fitur untuk pencarian file bertipe SWF (Flash file), DOC (Microsoft Word), PPT (Microsoft Powerpoint), XLS (Microsoft Excel) dan RTF (Rich Text Format file), seperti yang terdapat pada SharpPDF.com Mesin pencari ini mampu bekerja dengan baik. Saat mencoba beberapa pencarian, saya akhirnya menemukan ebook yang saya cari. Secara keseluruhan, dengan berbagai kekurangan yang masih ada, mesin pencari dokumen ini lumayan berguna.

Ebook search engine @www.SharpPDF.com

gmail terblokir, mengapa akun gmail disuspend, tugas boso jowo pengalaman pribadi, cara mengembalikan account gmail yang di blokir, cache:mkHhYOiPt8oJ:kemeruh com/catatan/hati-hati-dengan-google-account-anda html kenapa account gmail hilang, cache:mkHhYOiPt8oJ:kemeruh com/catatan/hati-hati-dengan-google-account-anda html kenapa account gmail hilang, memblokir account gmail, Google accounts Verifikasi akun Anda, verifikasi gmail terblokir, bagaimana verifikasi google account, cara mengembalikan akun gmail yang terblokir, cara mengembalikan blog yang disuspend oleh blogger, cara verifikasi google account, akun gmail saya yg di blokir, hati-hati blog anda dianggap spam, google account, cache:9nnzHr9RraEJ:kemeruh com/cerita/aku-weruh-trus-tak-tulis-bagian-pertama html ora weruh, membuka gmail yang terblokir, membuka gmail terblokir, akun gmail diblokir