Rampung anggone ngelapi body, Panggih njur ngresiki njero mobil. Ngelap jok, dashboard sak karpete sisan. Ora sengojo, pas nyedot debu nggo vacuum, Panggih weruh liontin kalung neng ngisor kursi penumpang ngarep. Dijupuk, di ilang ilingi, walah asli po ra kiye berliane, mbatine. Nanging ngelingi wasiate swargi bapake, supoyo ora njupuk barange liyan kang dudu milike, Panggih leren anggone ngresiki CRV ne. Njur mlaku nyedhak sing nduwe CRV.

“ Niku, Pak saya nemu liontin di mobilnya bapak.”, Panggih nduduhake liontine.

“Wah, akhirnya ketemu juga, Ma!”, wong kuwi malah ngomong ora nggape Panggih, njawil-njawil bojone saking senenge.

“Terima kasih, Mas. Iya ini liontin istri saya. Sudah 3 hari hilang, tapi ternyata jatuh di mobil. “

“ Iya, Mas..liontin ini, mas kawin waktu kita nikah dulu.”, sing wedhok neruske karo sumringah raine.

“ Terima kasih banyak, Mas siapa namanya..?”, sing lanang ngajak salaman.

“ Pang..Panggih.., Pak”

“ Mas Panggih ya..?, saya Doni, ini istri saya, Astri.”, bojone uga ngulurke tangan .

“ Saya Astri…”

“Kula Panggih..Panggih Raharja.”, rada grogi, kikuk anggone salaman, walah…alus tenan tangane wong wedhok iki..wangi maneh… Dasar cah gendheng…isih macem-macem wae uthek ke bocah iki.

“ Ini sebagai ucapan terima kasih saya, sama Mas Panggih.”, wonge karo mbukak dompet.

“ Bu Astri ndak perlu repot-repot, saya niku ikhlas kok..”, Panggih nolak lembaran atusan ewu sing disodorke.

” Saya ikhlas kok, Pak, Bu…nuwun”, pamite Panggih karo nerusake ngresiki mobil CRV mau.

“Saya jadi ndak enak, Mas…”

“ Ndak pa pa…namane masih rejekinya pak Doni sama Bu Astri, liontin itu ndak jadi ilang.”, bocah iku mulai ceramah karo nyopot steker vacuum.
“ Sudah, Pak”. Ora pati suwe bar kuwi garapane wis rampungan.

Karo setengah getun, Pak Doni mbayar neng kasir. Pailah menehi nota selawe ewu, ditampa Pak Doni karo ninggali sak lembar atusan ewu.

“ Pak, kembaliannya, Pak?”, Pailah karepe menehi balen.

“ Udah, ga usah buat Mas Panggih saja. Tadi dia nolak pemberian saya, saya yang jadi ga enak hati”, teruse Pak Doni. Karo bojone mlebu mobil trus menyat.

“Siro kie entuk rejeki, ko ditampik..ora apik, Nggih”. Pailah nyedhaki Panggih sing beres-beres selang banyu.

“Kuwe jenenge ikhlas, mbesuk nek keno alangan dadine ono sing menehi pitulungan, Lah.”

“ Lha podho bae, ora ikhlas, jeh ngarep-arep balesan.”, Pailah ngeyeli karo nyodorke duit neng Panggih

“ Kie mau, duite Pak Doni turah 75 ewu, jarene nggo siro, nyah.”

“Walah, dene iseh ngeyel kae wong..nyong ora penak.”, Panggih setengah ora percoyo.”Wis, duite disimpen, Lah. Dino iki rada rame, dadi olehe duit lumayan, khan?”, teruse.

“ Bocah aneh…yo siro Nggih!!”, Pardi nyaut. “ Nek nyong tak tampa, jenenge rejeki, wong ora njaluk ning diwenehi.”

Panggih ethok-ethok ora krungu karo ngeblas memburi arepe adus, karo ganti klambi. Wayahe mulih omah.gek wis mulai rendheng, gerimise kerep.

Nek wayah rendheng ngene akeh udan, akeh motor opo mobil sing reged, kudu di kumbah. Rejekine wong sing duwe usaha cucian. Karyawane uga kecipratan, opo maneh sing nganggo model bagi hasil, Panggih rada sumringah, pirang-pirang dino iki olehe hasil lumayan. Mangkat kerjane dadi luwih semangat, luwih gasik, senajan tetep ora sikatan..koyo biasane. Jam 6 wis mancal pit nuju nggone kerjo, tekan kono iseh jam setengah pitu. Terus ganti kaos kerjo, udat udut. Nongkrong, ndhodhok neng pinggir trotoar karo kanca-kancane kerjo, dino iki anggone nongkrong ora disambi nggoda bocah wedhok sing pada mangkat sekolah koyo biasane amarga dino minggu. Pancene bocah arang weruh kutha, nek tongkrongan yo ngono kuwi pagaweyane, macak ganteng, ora ngaca, macak keren ujare tapi ndesani…..

sabar… isih nyambung maneh

Kata kunci pencarian:

cerito pengalaman pribadi nganggo boso jowo