“Mas, pun bikak..? Badhe nyuci motor.”, suara wong wedhok ngagetke Panggih lan Pardi. Jalaran ijeh penak anggone tongkrongan.
“Pun bikak, Mbak”, Pardi njawab sak kenane.
“Jatahmu telesan Nggih!!!”, teruse Pardi.
Panggih ora cekat ceket anggone ngadheg. Rada mendelik matane anggone ngemat ke bocah wedhok kuwi, jebul Mbak pemda sing telung dina kepungkur nyuci neng kene, nek ora kleru jenenge Rustriningtyas. Karo mbuang tegesan rokok’e, Panggih nuntun Jupiter MX abang sing biasane yo di enggo Mbak pemda mlebu maring tempate nyuci.
“Pinarak kene, Mbak”, Panggih mbukak omongan.
“Nggih, matur nuwun”, Mbak pemda ne njawab alon.
“Mbak’e kenal kula? Kok ngertos jeneng kula?”. Raine Panggih sing kebak kukul mengkerut gumun. “Leres, jeneng kula, Panggih. Panggih Raharja.”, teruse.
Mbak pemdane ora nyuara, ora nyaut babar blas, senajan krungu Panggih ngomong. Amung raine katon gumun lan kebak pitakonan. Mikire, bocah lanang kukulen kuwi waras apa ora kok dumadakan ngenalke jeneng. Lha sapa sing takon?.
“Jenenge Mbak’e, Mbak Rustriningtyas, yo ra?”, Panggih sok sok an ngakrapi rembugan.
“Prei po le dines?, teruse bocah gumagus iku.
Mbak pemdane tambah penasaran, seko ngendi tukang cuci iki ngerti jenenge barang, akhire uga kepeksa nyuara. “Lha Mas se sinten to?, kok kula mboten tepang njenengan? Ngapunten menawi kula kesupen.”, Mbak’e mbalesi
“Niku wau, jeneng kula, Panggih Raharja. Cah Sumongari Kaligesing, Mbak.”, tansaya gumagus tenan bocah iki. “Oo..ngertos nami kula, to?”,
Mbak’e tambah ra mudheng.
“Penak’e tak celuk Mbak Rus, Tri opo Tyas?, mung kari milih.”, karo nyabuni motor, Panggih nglunjak.
“Saestu njenengan sinten, Mas? Tepang kalih kula wonten pundhi?”, Mbak’e wis rada males neruske omongan.
“Rahasia!”, Panggih mulai macak wong lanang sing diuber wong wedhok.
Pancen wis lali githok’e seleh ngendi bocah iki.
“Thak, kerja sing bener!!”, Bos’e sing duwe cucian mbengok, weruh Panggih waton anggone ngresiki sabun neng motor pelanggane. Panggih njundhil kaget. Ora ngerti menawa si Bos wis nang mburine.
“Jeneng asline Pethak, ngaku Panggih, kapan among-amongan ganti jeneng, sira?”, Bos’e nggodha.
“Niku rak aran-arane Bos mawon..”, Panggih mesem kisinan
“Kerja sing nggenah. Mbak’e kae nganti gila weruh kelakuan mu.”, karo noleh ning Mbak pemda, Bos se neruske “Mboten usah kapok nyuci teng mriki, Mbak”
Mbak pemda ne mung mesem ora nganti kethok untune. Nanging bedha karo Panggih, raine sing ireng kukulen wae isih iso metu abange isin.
Pancen kawit mbiyen Panggih diparabi kanca-kanca ning desane Pethak. Amarga jaman isih cilik, rambute ora kepeneran nyukure, ono sing bothak. Critane, simbah kakunge Panggih, pagaweyane tukang cukur. Lha karepe arep nyukur putu lanang sing arep mlebu SD, nanging jenenge mata tuwa, cedhak mbun mbunan ne mbleset lhe ngethok. Dadi lecet, ora thukul rambute nganti saiki. Bos se cuci mobil awite kenal uga jeneng parabane dudu jeneng asline. Kepara malah nganti rada suwe lagi ngerti jenenge asline Pethak kuwi Panggih.
Gara-gara ana si Bos, Panggih age-age le nyuci, sak wise rampung, dipasrahke Pardi sing entuk jatah garingan. Pardi uga cekat-ceket anggone ngelapi motor duwek’e Mbak Pemda.
“Thak!, Pailah kok durung mangkat si ya?”, si Bos nakoni Panggih.
“Jarenipun sampun ijin Ibu, kok Pak”, pating pecothot anggone boso bocah iku.
“Iyo, wingi wis ngomong aku, Pak. Bocahe pamit ngiring manten. Iki kuncine kasir dititipke aku.”, bojone si Bos metu seko omah karo nanting keranjang sing biasane di gawa ibu2 menyang pasar, mlaku nyedhaki Panggih.
“Iki kuncine, dina iki kowe ngrangkep kasir sik. Bapak karo aku arep pasar, awane jagong neng pak Mantri.”
“Inggih, Bu”, Panggih ngelap tangane sing isih teles, nampa kunci kasir.
“Thak, tak ngeterake Ibu blanja dhisik. Jaga sing bener!!”, Bos se nyetater Mio sing wis diparkir neng teras . Bojone nyangklok, mbonceng mburi trus ngeblas menyang pasar wong loro. Seko bocah wolu sing kerja ning cucian, mung Panggih sing cedhak karo Bos se. Pancen bocah kuwi grapyak, gampang cedhak marang wong liya. Nanging kadang ora duwe isin. Bos se luwih percoyo karo Panggih, jalaran bocah kuwi uga jujur.
“Mbak, sampun.”, Pardi nuntun Jupiter MX metu neng pelataran.
Mbak pemda manthuk, trus menyat menyang kasir arepe mbayar. Panggih wis nunggu neng mburi meja karo mbukak laci. Mbukak buku nota sing biasane diurus Pailah. Jebul isih ana duit wenehane Pak Doni sing disimpen Pailah. Pecahan seket ewu siji, 20an siji 5 ewu siji. Pas 75 ewu.
“Pinten, Mas?”, Mbak e takon.
“Gangsal ewu.”, Panggih rada isin le njawab. Isih duwe isin nyatane bocah iki. Mbak pemda menehi duit 20an ewu.
“Sing pas mawon, Mbak”, Panggih golek duit pecah ora ana.
“Mboten wonten, Mas.”, Mbak e mbukak dompet rada bingung.
“Pun dibeta mawon, kapan kapan digenepi sanes wekdal.”, Panggih ora kelangan akal. “Pun langganan kok. Niki sampun tak cathet teng notane.”
“Kula ninggal mawon, mboten penak ninggali utang.”, jare Mbak e
“Mboten usah, dibeta rumiyin.”, Panggih ganti mangsuli
“Matur nuwun. Mangga, Mas.”, Mbak e kalah omongan banjur pamit, nganti kelalen, helm me ora digawa.
“Mbak Rus, helm me.”, Panggih ngelik ke. Nanging sing karepe diceluk ora noleh. “Mbak Tyas, helm’e!!”, Panggih mbaleni.
Tumben bocah iki mikir dhawa. Tegese Mbak pemda iki parabane Tyas. Dudu liyane, rada ngguyu nang njero ati si Panggih krasa marem.
“Ooalah..kesupen..”, Mbak e kagok. Njupuk helm neng kursi trus pamitan. ”Matur nuwun, Mas.”…..