Karo ucek-ucek mata sing ijih beleken, Panggih menyang kamar mandi. Raup sak cukupe, banjur andukan. Ora tau sikatan katone bocah iki.

“Mak, nyong mangkat kie..ndak telat maneh”, ujare karo nyaut apem.
“Tumben temen jam 6 wis mangkat siro?”, Mak’e Panggih takon marang anake nyambi nggoreng mendoan.
“Bos se mucu-mucu nek nyong mangkate telat”
“Sarapan sek po? Kie wis tak goreng ke mendoan, sega turahan kenduren mau bengi isih ana”
“Wis ora usah, wis tak langsung mangkat bae lah”
“Mamake wis reka-reka gawe lawuh, malah ngeblas, jan bocah!!!”
“Wis Mak, ora usah, nyong wis mangan apem nang meja”

Mak’e Panggih kaget, “Woo, kuwe apem arepe didol. Lha barang dagangan kuwe malah mbok pangan,bocah gendheng!!”
“Alah, anake mung njaluk siji wae ko..uthil temen si ya?”, Panggih mancal pit onthele karo camuk-camuk lambene mangan apem. “Mangkat Mak!!”

Wis meh 2 taun cah kuwi anggone kerjo cuci mobil. Lulus sekolah banjur kerjo ana kono, tekan saiki. Saben dino mangkat jam setengah pitu isuk. Nanging dino kiye bocahe mangkat rada gasik. Jalaran Bos se ngongkon bukak luwih isuk. Senajan omahe rada adoh seko le nggon nyambut gawe, Panggih tetep numpak sepeda pancal, lha anane yo mung kuwi. Idep-idep olahraga karo isoh mbarengi bocah-bocah SMEA sing podo numpak pit pancal uga ujare…sopo ngerti jodhoku ana kono..Oooalah Nggih..Nggih..lambemu..cah

Jam setengah pitu thet, wis ono pelanggan siji. Mbak-mbak..kayane pegawe pemda nek nontok klambine sing ijo koyo hansip.
“Cuci motore, Mas..pun bukak tho?”, takone karo mbukak helm standar sing di enggo. Bocahe manis, jilbaban.
“Iyo Mbak…ampun kunci setang, Mbak..”, Panggih age age nyekel Jupiter MX abang sing arep dicuci. Trus di standar loro, diunggahke neng dongkrak hidrolis.

Kanca-kancane sak regu ugo podo wis teko. Neng tempat cuci Barokah, karyawane dibagi rong regu. Regu siji gaweane nyuci lan sak pinunggalane utawa telesan, dene regu liyane gaweane nyemir, ngelapi motor, mobil sing uwis dicuci, utawa garingan. Jumlahe total ono bocah wolu, sak supire sing biasane markir mobil sing arep dicuci opo sing rampung dicuci.
Rampung nyuci motor Jupiter mau, Panggih masrahke motor kuwi neng Agus, kancane sing tugas garingan. Mbatine Panggih..lumayan ono wektu ngaso karo rokokan Djarum. Mau nang omah durung kelakon le rokokan.

“Lah, sira weruh korek po ra?”, takone Panggih karo Pailah sing tugase jaga kasir.
“Kepriwe sih, nyong kie ora ngrokok..takon Pardi jal”
“ Wingi sore tak tinggal neng njero laci kasir ko”, sing jenenge Pardi njawab ngono krungu omongane Pailah.
“Kuwe jarene Pardi ono neng laci mejo, Lah”

Pailah mbukak laci njur menehke korek neng Panggih.Karo kebal kebul, Panggih lungguh ora adoh karo Mbak Pemda mau. Nek disawang, kayane Panggih kenal bocahe, mung durung yakin. Opo malah sok kenal wae, ora ngerti.

“Njenengan PNS yo, Mbak?”, takone Panggih karo nyedot Djarum sak kenane. Sing ditakoni ora nyaut karo uthek-uthek HP. Mbuh ora krungu..ethok-ethok ora krungu ..opo malah budheg sisan. Wis kebacut isin, Panggih ngematke label jeneng neng klambine Mbak Pemda mau. R-u-s-t-r-i….ora pati cetha.

Dumadakan, Agus mbengok..” Wis rampung kie Jupitere, Lah!!”
“Ora sah bengak-bengok ngono…”, Pailah kaget, nganti HP ne meh tibo.
“Siro smsan wae ko..nek ra dibengoki ora krungu, Ndang gawe nota ne!”, Agus mbales karo meres kanebo.
Pailah njur gawe nota,

“Pinten?”, Mbak pemda ne takon.
“Limang ewu, Mbak”, Panggih nyaut.
“Gangsal ewu mawon”, banjur noleh neng Panggih, Pailah neruske omongan.
”Bocah ora iso boso po ya?..Ora nduwe tata krama!!!”
“Yo ben, lha Mbak e yo ngerti maksudte khan?..yo Mbak?”

Mbak pemda mau mung mesem karo nekani motore, nyetater, trus lunga ora noleh maneh.
“Siro kenal po Nggih? Tangga mu opo kancamu?”, Pailah penasaran.
“Jenenge Rustriningtyas, mbuh wong ngendi, Nyong ora ngerti, Lah”, Panggih njawab.
“Kepriwe sih? Mosok mung ngerti jenenge, ading ra ngerti wonge”
“Lha Nyong ngertine yo nembe ko… mau tak emat ke label jenenge.”
“ Alah-alah, Nggih.. Nggih.. pantes wae. Ora mungkin lah siro nduwe kenalan bocah wedhok pegawai.”, Pailah ngece karo ngunci laci kasir. ”Diguyu pithik, nganti nduwe kenalan pegawai.”

“ Lha siro pegawai kasir, Lah…dene Nyong kenal karo siro ra? kae pithik’e ngguyu kemekelen”, Panggih ngakak ora gelem kalah. Marem opo maneh weruh rupane Pailah malih methentheng. Pardi, Agus lan liyane mung mesem, weruh Pailah mendelik.

Nek wis jam setengah siji awan, regu sing kerjo dituker tempate. Sing isuk entuk jatah garingan, awane ganti neng telesan. Semono uga sing isuk entuk jatah telesan, awane pindah, entuk jatah garingan. Saben dino koyo ngono. Nganti tutup jam 5 sore. Bocah-bocah kuwi ora digaji ben wulan, nanging bagi hasil ben dinane 30%-70% karo bos se. Menawa digaji, bocah-bocahe ora semangat kerjane, tapi nek bagi hasil, soyo akeh garapan, tan soyo akeh olehe duit, dadi semangat.

Wis jam 5 sore, wayahe tutup. Nanging isih ono mobil loro, Honda CRV karo Avanza. Sakjane wis dicuci mung gari ngelap, karo ngresiki karpet, lan dashboard te sisan. Itung-itung nambahi setoran. Panggih sing jatah sore entuk garingan, ngelapi CRV ne. Avanzane digarap kancane. CRV ne jek anyar, plat B, Jakartanan, paling 3 wulanan metu seko dealer, nek nontok wulan neng plat te. Sing nduwe lungguh karo bojone neng cedhak kulkas minuman. Umure durung tuwo, paling durung nganti 30 tahun. Nek ndelok panganggone, mesti wong sugih. Mbatine Panggih, kapan iso dadi wong sugih yo?… Uthek mu seleh ngendi cah..cah.. kenal wong sugih wae ora, opo maneh dadi wong sugih?…. lha mung anak bakul apem kok ngimpine klewat…

to be continue….

Kata kunci pencarian:

jeneng bayi boso jowo, saben dino aku sekolah numpak sepedah karo kanca-kancaku, tata kramane wong numpak sepeda/ pit